cerito awal poso romadhon

suasana poso memang bedo karo bulan-bulan liane. bedone ki mesti bedo, biasane awan mangan maleh ora, awan ngombe maleh ora, biasane maksiat maleh ora :P lan sateruse. nanging sing tak maksud iku dudu iku, tapi : (1) suasana pas arep magrib sampe bengi lan (2) suasana ati gae ngibadah. nek pas arep magrib, dalan-dalan ki mesti rame, nyiapne buka koyotho tuku es, tuku jajan,tuku lawoh lst.pokoe nyenengke-lah, keroso mbendino iki malem minggu.ramene iki di tambahi pisan ono bakul dadakan neng pinggir-pinggir dalan, basar,lan pameran. TKP uripku neng suroboyo iki, alhamdulilah idek mesjid gedhe (+/-1 KM), mesjid nasional al-Akbar suroboyo (MAS), dadi yo nyenengke suasanane opo maneh nek posoan ngene iki.nek waktu mulai arep salat isa’ lan traweh, dalan tambah ruame, mestine wong2 iku arep budhal traweh, tapi nek tak selidiki rodho teliti sithik, yo ono ae sing budhal gendaan.:D, la gendaan ne nang sekelilinge mesjid!!, yo rodho ironis sakjane.

ke-2, sing bedo, yoiku suasana lan semangat gae ngibadah.mbuh emang aneh, nek poso ngene males arep ngibadah ki rodo kurang, padahal nek dipikir poso iku mestine yo tambah lemes toh?..ta pikir kabeh wong yo grasakne iki.., iku iso disimpulne nek pas poso dino kepisan, sing jamaah isya iku, peeeehhhh, pulll, puenuh,bekkkkk, ampek parkir ae antri dowo. coba dibandingno karo dino biasa, halah uadoh pol, wong2 iki podo nandi, edi yo ngono, tambah parah :-(.“opo Tuhan iki cuma ono nek pas poso thok?”, padahal awake dewe iki ben dino, ben detik, ambekkan lan urip lst, sing asale tekho sing gae urip yaiku Allah Swt.susah lan angel emang nek nyadarne pikiranne dewe gae sukur lan ngibadah ajek lan apik ben dino.yo mugo2 posoan iki iso nambah taqwa, lan enthuk lailatul Qodhar. lan mugo2 dungoku enthuk bojo ayu lan sholekah terkabul…:=)))))).

–ditulis gae bahasa JAVA, tapi ora iso di-compile—-

comments powered by Disqus